Jumat, 09 Oktober 2009

Pramuka kudu Sabar

Sabar iku bebuden utawa sifat ora gampang nesu. Wong sing sabar
iku ora cepet aweh tanggapan utawa reaksi marang kahanan utawa tembung-tembung
kang kurang ngepenakake. Sadurunge aweh tanggapan, kabeh mau dipikir utawa
dilimbang-limbang dhisik kanthi premati. Wong sing sabar tansah mbudidaya
supaya kahanan utawa suasana ora tambah bubrah, amarga kanepson sing ditanggapi
kanthi kanepson.

Wong sing sabar iku sareh, ora grusah-grusuh, lan kebak ing pangati-ati.
Ana rembug dirembug, ana prekara disurasa. Sing ditengenake pikiran kang
wening, dudu ubaling kanepson. Ing pewayangan sifat ora sabaran, gampang
muntab, gampang ngamuk iku dumunung dhiri pribadine Raden Kakrasana utawa
Prabu Baladewa.Yen ora ngati-ati bisa ditamani senjata Nenggala. Kosokbaline,
sifat sabar, ngati-ati, lan wicaksana dumunung ing pribadine Raden Narayana
utawa Prabu Kresna. Senajan kakang-adhi, satriya loro kuwi sifate beda
banget. Lha sing luwih sbar maneh yaiku pambarepe Pandhawa, Prabu Puntadewa.
Ratu sing miturut critane dhalang getihe putih iku, ora bisa ngendika ora",
utawa tidak dapat berkata tidak marang sapa bae.

Sabar iku klebu ewone bebuden kang becik. Ing basa Indonesia ana tetembungan
orang sabar kasihan Allah, wong sabar iku kinasihan
ing Gusti Allah. Sabar iku ora konfrontatif, saengga
bisa disingkiri arane dredah. Lha sifat sabar sing ala yaiku sabar
menawa ditagih utang, amarga tegese ndableg.

0 komentar: